Text
Nona Sekretaris
Peradhabane manungsa miturut futuristik kondhang Alfin Toffler, diperang dadi 3 golongan prahara: Abad Tetanen, Abad Industri, Abad Informasi. Minurut pepanthan kuwi, crita iki kelakon ing akhire Abad Industri. Abad Informasi lagek anyar. Siyaran TV sing ana mung TVRI, HP durung ana, lepun omah isih winates. Mung suratkabar Jakarta sing bisa nembus tekan dhaerah, kuwi wae beredhar telat sedina saka dina terbite. Sirtu prawan saka Sragen, lunga menyang Jakarta golek urip sarana kapinteran anggone kursus-kursus ketrampilan ngetik, steno, tata buku, lan basa Inggris. Entuk penggawean ing Biro Pentas Artis, sawenehe kantor impresario sing ngatur pagebyagan-pagebyagan tontonan musik lan joged. Ing kono Sirtu srawung karo para seniwati musik lan joged, lan uga karo punggawa event-organisatore, yakuwi wong-wong kang mecaki uripe ora sarana ijazahe, nanging sarana kadibyanebakat olah senine, lan kelantipan nalurine berjuwang ngranggeh pucuke panguripane. Kabeh para paraga kanthi ciri wancine dhewe-dhewe melu urun alure crita, kang njalari roman iki dadi muyek lan ngresepake, dibumboni aspek kasmaran kang ngelam-elami ati. Akeh semangat geganthane ngaurip kang bisa tinuladha ing wacan iki.
Tidak tersedia versi lain